- wong jaman sak iki jare ngaji kakean crito, ngaweruhi aksara "Alif" siji wae durung iso, wis rumangsa weruh marang kang kuwasa.
- sirik musarik iku sejatine apa? mung saka ora weruh wae marang kekajengane kang kuwasa. Barang kang ana kahanan dunyo iki kabeh kadunungan jiwa, mulo ojo nganti di nista, lamun siro ora kepengin nampa dosa. Rumaten kanthi basa kang dingerteni ing alam iro.
- Jare kepingin uripe mukti wibawa, ora gelem lelaku utama. Malah paner kemandenane dunga. Mula akeh wong kang duraka dudu mergo wani karo wong tuwa niro. Ora liyo merga akeh wong ngendelake kemandhenane dunga.
- Sopo sih kang diarani wong linuwih iku? opo kang pinter sinau, maca lan dunga? yen koyo ngono pangertenmu yo anggon mu ngaji durung teko. Akeh wong pinter tan ngerti ana. Mulo adoh soko dalan kang wicaksana.
- ojo nggawe kaputunane liyan mergo iku iso ngrusak marang tatanan. Urip sepisan yen iso dilakoni tenanan, ngestok ake dawuhe kanjeng rosul wakilan, Ben antuk idi lan tuntunan sing iso anggowo ing dalan kamulyan dumugi dunya nganti akherat pisan.
- Yen sik seneng micara marang kapitunane liyan, kuwi ateges durung iso ngaji kasampurnan, becike dadi wong awam ben ora ngrusak marang tatanan.
- Agama suci asal saka Gusti kangge tuntunane urip mukti lan nemok ake dalane pati. Ojo lirwo ing tekad lan karepe ati supaya uripmu bisa nastiti anggone netepi janji. nuruti panase ati mung gawe gelane budi lan jasad iki.
- Teratai Tunjung ajaran adiluhung kangge tuntunan dalane dunung. Wong kang wis dunung uripe suci dadi pria gung ngesti budi kang luhur. Ora susah ora owah, tetep ajeg, madhep lan mantep anggone netepi amanah kang luhur. Dadi wong agung ojo seneng di gunggung mudak ora ngerti ing dunung.
- Adat jare gaweane manungsa yen agama suci gawe ane Gusti. opo siro weruh kang aran manungsa? ono piro cacah jiwa. Yen ngaweruhi manungsa sopo kuwawa marang kahanan urip iro, satunggal asma lan jiwa manjing ing turangga kang asung jiwa. Luhur tan owah gingsir kena gesang lan kena ing pati. Ojo dikiro kang aran manungsa mung kang iso solah bawah lan mobah polah. Katon rupa lan wujud e kang koyo ngono kuwi dudu mangusa sejati.
- Nabiullah utusane Gusti agemane sarwi putih, nudhuh ake yen opo sing digowo barang suci, ora mung diregem lan di liling tapi kudu dihayati lan dingerteni ing ati lan budi. Dadi wong ojo mung fanatik ing agami, ben ora mung nuruti panase ati, nutup netra lan pandulu ora iso ngrasa barang kang duweni aji.
Ki Tunjung Seta
Tidak ada komentar: